Hong illa-Heng awighnam astu namah siddham,
Rahayu sagung dumadi,
Saendengin jagad pramudhita,
Kalis ing rubeda, nir ing sambikala.
Warta Warga Satya Bumiputra iki salah sijine media informasi digital kanggo sapa ae warga Satya Bumiputra uga sing liyane, sing kepingin ngerti kabar lan kanggo nguri-nguri babagan Jawa.
Warta Warga Satya Bumiputra yo nampa sapa ae sing arep ngirim tulisan utawa artikel, karya-karya sastra Jawa kaya Geguritan, Cerita Rakyat lan sak panunggalane.
Muga-muga, onok’e Warta Warga Satya Bumiputra iki migunani kanggo kabeh terutama gawe arek nom-noman jaman saiki supaya ojok sampek ilang Jawane.
Matur sembah nuwun,
Rahayu sagung dumadi.
Pasuruan, 11 April 2026
Redaksi