Puja Pandunga

PARAMA SABDA

Hong ila-Heng Awighnam Astu Namah Siddham

Rahayu sagung dumadi
Saendinging Jagad Pramudita
Kalis ing rubeda
Nir ing sambikala

Sadulur papat kalima pancer,
Kakang kawah, adhi ari-ari, getih lan puser,
Kang nyawiji dadi siji,
Sangkan paran ing dumadi.

Hananingsun Hananing Gusti
Hananira Hananing Kawula

HA NA CA RA KA
DA TA SA WA LA
PA DHA JA YA NYA
MA GA BA THA NGA

NGA THA BA GA MA
NYA YA JA DA PA
LA WA SA TA DA
KA RA CA NA HA

Asung pepuja mrih ngarsane Hyang Jawata,
Tan kena kinira, tan kena kinaya ngapa.
Cedhak tanpa senggolan, adoh tanpa wangenan.

Manunggal mrih cipta, rasa lan karsa,
madhep manteb manter ing diri,

Angajab rahayu wilujeng, tinebihna bilahi,
Sakehing rahayu mulya, waluyaning jati.

NGUDI PANGESTU

Hong ila-Heng Awighnam astu namah siddham

Sungkem kawula dumateng ing ngarsa dalem,
Ingkang areraton ing kurebing gegana, ing lumahing bawana,
Ingkang hangreksa hangrum baka, bebener lan leluput.

Kawula nyuwun agunge pangestu,
Dumateng Bapa Akhasa lan Ibu Bumi,
Hyang Bhatara, Hyang Bhatari,
Kaki Dan Hyang, Nini Dan Hyang,
lan para leluhur sami.

Anggen kawula badhe nglampahaken
dharma lan bhakti ing dinten punika,
Mugi pinaringan kasembadan
lan mboten kirang setunggal punapa.

Sarira, sarira, sarira
Satuhu, satuhu, satuhu
Sampurna, sampurna, sampurna

Sakarsaning Hyang Jawata,
Tan Kena Kinira, Tan Kena Kinaya Ngapa.

Rahayu…rahayu…rahayu…sagung dumadi